Ngeblog Pancen Ora Gampang
Mohon maaf kalau saya tulis post ini dalam bahasa jawa. Ada rahasia unek-unek yang ingin saya lepaskan di postingan ini.
Blogspot + Adsense + Traffic lokal = Loyo
Sasi April iki pancen kebak teka-teki. Kanca-kanca sing padha nggunaake blogspot minangka sarana pangupa jiwa saka Google Adsense kabeh padha sambat pangasilane suda meh separone sasi-sasi sadurunge. Yen tak gatekake prakara iki disebabake anane “pemblokiran akses” kang dipandegani dening Telkom Speedy. Wong-wong sing biyasane nggunakake speedy kanggo nggolek informasi utawa hiburan saka blogspot padha pindah menyang blog liyane sing isa dibukak nganggo Speedy. Tak akoni, sasi iki Adsenseku ya melu mudhun, nanging ora nganti ucul saka angka patang digit. Sing dadi pitakonan nganti saiki yaiku “Geneya Speedy kok malah nggawe keputusan sing ora populer babar blas ing tengah-tengahe persaingan provider internet sing lagi rame iki?” Mbuh ra weruh…
Postingan Nyleneh Ing tengah-tengahe Blog Pribadi
Mbok menawa kanca-kanca sing kulina maos detikyogyakarta utawa indosmart lan blog-blog sing tak duweni liyane padha rumangsa ora nyaman amarga anane postingan basa Inggris sing isine blas ora nyambung karo tema blog sing wis ana. Kabeh mau tak lakoni minangka sarana pangupa jiwa saka nulis posting sing dibayar. Yen sawetara wektu kapungkur aku wis nate nulis tips nulis posting supaya dibayar, saiki aku wis tenanan nggunakake blog-blog sing wis PR4 kanggo nulis postingan komersial. Kok ndilalah sasi April iki job sing mlebu saben dinane ndrindhil ora uwis-uwis malah nganti 9 job tak tampa kanggo sedina. Yen saben job diregani 10 dolar, sedina nulis 5, paling sithik bayaran saben sasine isih patang angka.
Nyuwun Pangapura
Sampeyan sing ora mudheng basa jawa mesthine misuh-misuh… “tulisan apa maneh iki kok ora isa diwaca?” Mulane aku saiki nyuwun pangapura saka kanca-kanca kabeh, amarga yen aku njelasake ngenani perkara iki kanthi basa Indonesia utawa basa Inggris sing menehi job ngerti yen aku wara-wara ngenani postingan nyleneh iku mau. Tinimbang ora dibayar aluwung diomeli kanca-kanca detikyogyakarta. Sing penting aku wis ngupayaake menehi klarifikasi.
Alangan = Dopping
Mbuh sebabe apa aku saiki seneng banget karo sing jenenge dodolan online. Minggu iki aku pancen lagi fokus nggunaake Adwords lan sarana iklan liyane kanggo dodolan lan kanggo nggolek wadyabala. Umpamane Adsense mati, saiki aku wis duwe uwit liyane sing wohe ora kalah akeh. Nyuwun dongane wae supaya aku enggal bisa bagi-bagi pancingan, supaya kapan-kapan awake dhewe kabeh bisa mancing iwak bareng-bareng.
Posting Basa Jawa, Iklane Basa Apa?
Blog iki wis tak pasangi Adsense sawetara wektu kepungkur lan iklane ya ora tau kosong. kanggoku kuwi lumrah, lha wong saiki sing masang iklan basa Indonesia sing targete Indonesia ya wis akeh banget. Lha saiki yen postingane tak tulis nganggo basa Jawa Iklane sing njedhul basa apa? Coba disawang bareng-bareng…
Sing arep misuh… sumangga… Aku mung nyoba nulis sing lagi tak pikirake…















PERTAMAX bos artine opo iku bos
danny baskara’s last blog post..blogspot dan Telkom dibulan April
Nunggu ada yang terjemahin om
Pak dokter pancen oye…ora gumun nek ewonan dollar sewulan
masowen’s last blog post..Berapa Kali Anda Ganti Nomo HP?
Dongane wae om… ben bisa reuni ngopi bareng kapan-kapan
iklan nipun tasih bahasa indonesia mas. mboten owah dados bahasa jowo
Kula nggih gumun… Google kok mboten mudheng basa jawi nggih om?
Nek gampang yogya bakalan sepi becak karena alih profesi menjadi bloger semua, lesehan menjadi usaha sampingan karena “usaha” utamanya adalah ngeblog
Woh keren tukang becak yen doh dadi blogger.Iso2 beca dadi barang langka neng jogja.Aha. Hidup tukang becak. Lhoh kok malah becak.
Dion’s last blog post..Motorola HSDPA Z8m
Mas Dion tasih mbecak napa pun gantos ngojek?
Lho… sakniki pun kathah kok pakdhe… tukang becak sing nyambi ngeblog…
Mugi² uwite wohe nggih “gembel”..
nang warnet langgananku biyen tukang parkire wae dolanan porex oks pantes ae nek tungkang mbecak dolanan blog :))
persikers’s last blog post..Upgrade Wordpress ke Versi 2.5.1
Oalah………. iki nggawe postingan kok yo aneh2, yo untunge aku kok tau diwulang boso jowo pas jamane sik nek SD :d
Lak ngomong2 masalah uwit kanggo sarono pangupo jiwo, aku dhewe sik durung pati paham, tapi lak Dr Gaplek iki ancene kreatif banget, mangkane duite akeh ae, wong saben dino iso 3 digit
Hery’s last blog post..Akhirnya Payoneer Card ku dateng juga….
Lha yen uwite mung siji, yen kena wereng lak wis ora isa mangan apa-apa ta om?
Aku gumun biyen nggonaku iklan adsense muncul nang posting bahasa Indonesia, ananging suwe suwe kok dari ora ngetok meneh ya.
Sajake isinan Cak…
Yo wiss ra opo2 mas…sumonggo kersone panjenengan.
sammy’s last blog post..Using Casino Bonuses
Aku ora ngira kok jebule post iki akeh sing komentar…
Kekeke… akeh sing podo bingung iki, wekeke.. nembe iki aku liat postingan boso londo kuno hehehe… keren abis.. adsense kok yo tetep muncul yo… wes jan keren bngt.
Bali’s last blog post..Find New Zealand Vacation
Londo kuno?
manut wae ah…
[…] posting edisi basa Jawa-ne Dr.Gaplek, aku ya melu-melu nulis nganggo basa sedina-dinaku. Ngomong basa Indonesia kuwi butuh tenaga ekstra […]
pancen lagi nasib sing ngunaake blogspot lan durung iso ngunakake liyane kui ditambahi sing moro uwong2 lokalan wah ming ambles mles tenan dollare saking mbah gogle, mulane sakniki kulo badhe golek uwit2 liyane meneh kanggo pangurip urip (hallah), mumpung bijine blogspot kulo mundak dadi ongko 4…Wis jan malah bingung dewe nulis boso jowo…;
badboys - paino’s last blog post..Toilet Blog Di bugilin
nunggu pnter dulo baru bisa ngeblog